Khutbah

Nabi Minangka Rahmat

07 October 2021

Unduh File Khutbah :

السَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهْ

اَلْحَمْدُ للهِ ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي بَعَثَ رَسُـوْلَهُ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ لِتَتْمـِيْمِ مَكَارِمَ الْاَخْـلاَقِ، اَشْـهَدُ اَنْ لاَاِلهَ اِلاَّ اللهُ، وَحْدَهُ لاَشَـرِيْكَ لَهُ، وَاَشْـهَدُ اَنَّ سَـيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُـوْلُهُ، شَـهَادَةً تُنْجِى قَائِلَهَا مِنْ عَذَابِ يَوْمِ التَّلاَقِ، اَللَّهُمَّ صَـلِّ وَسَـلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِهِ وَصَـحْبِهِ وَمَنْ آمَنَ بِهِ وَاَحَـبَّهُ وَاَشْـتَاقَ. قَالَ اللَّهُ تَعَالَى : مَنْ يُطِيْعِ الرَّسُولَ فَقَدْ اَطَاعَ اللَّهَ، وَمَنْ تَوَلَّى فَمَاآرْسَلْناَكَ عَلَيْهِمْ حَفِيْظًا. اَمَّابَعْدُ : فَيَا اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ رَحِمَكُمُ اللَّهُ، اُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ


Para sederek jama’ah Jum’ah rahimakumullah,

Sumangga sami kita tingkataken taqwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedaya awisanipun, Kanti taqwa dumateng Allah kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan, wiwit ing alam dunya punika ngantos dumugining akhirat, Amiin.

 

Para sederek kaum muslimin rahimakumullah

Wulan menika wulan Rabi’ul Auwal inggih wulan Mulud, wulan ingkang mulya lan agung tumrap kita sedaya, jalaran mengku prastawa sejarah ingkang sanget wigatos tumrap kita umat Islam. Wulan wiyosan Dalem junjungan kita Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wasallam. Cobi kita noleh sejarahing manungsa, sak derengipun kautusipun Kanjeng Nabi. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentreman ing sak lebetipun pagesangan, masyarakat ingkang bodho lan terbelakang. Kaum wanita sanget dipun remehaken derajatipun, jalaran kawontenanipun ingkang lemah mboten saget dipun ajak perang.

 

Kautusipun kanjeng Nabi ngasta risalah agama Islam, Allah maringaken pitedah dateng bangsa Arab kanti perombakan total bangsa Arab, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking masyarakat biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, lestantun dumugi mangsa titiwanci punika. Estu punika sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ’alaihi wasallam.

 

Kados dawuhipun Al qur’an :

لَقَدْ مَنَّ اللَّهُ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ إِذْ بَعَثَ فِيهِمْ رَسُولًا مِنْ أَنْفُسِهِمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِنْ كَانُوا مِنْ قَبْلُ لَفِي ضَلَالٍ مُبِينٍ

 “yekti temenan Allah Ta’ala wus paring kanugrahan marang para wong wong mukmin, nalika Allah Ta’ala ngutus sawijine Rasul sangka golongane deweke (tegese ora sangka golongane Malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhamma SAW) kang Rasul mahu macakake ayat ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh sangka dosa dosa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al Qur’an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mahu sak durunge yekti ana ing sak jerone sasar kang nyata”. (QS.Ali Imran 164 ).

 

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya

Pramila kanti dumuginipun wulan Rabi’ul Awwal, samiya tansah syukur dateng Allah, sarana nderek dateng tindak lampahipun Kanjeng Nabi ingkang mila minangaka patuladan tumrap kita. Sahingga kita kalebet golonganipun tiyang ingkang beja.

Kados dawuhipun Al Qur’an :

فَالَّذِينَ آمَنُوا بِهِ وَعَزَّرُوهُ وَنَصَرُوهُ وَاتَّبَعُوا النُّورَ الَّذِي أُنْزِلَ

مَعَهُ ۙ أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ

“Wong wong kang pada iman marang Kanjeng Nabi, lan pada mulya ake Kanjeng Nabi, lan pada mbelani Kanjeng Nabi lan nderek marang pepadanging pituduh kang diturunake marang Kanjeng Nabi, yaiku Al Qur’an, Ya wong wong kang mengkono iku wong kang pada beja” (QS.Al A’raf : 157 ).

 

Mugi mugi kita sedaya pinaringana rahmat lan pitulungan tansah mulyakaken dateng kanjeng Nabi, saha nderek pitedahipun Al Qur’an, wusananipun termasuk tiyang ingkang pinaringan kabekjan saking ngarsaipun Allah Ta’ala.  Amin.

 

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنَا وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اللآيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ, فَاسْتَغْفِرُوهُ إِنَّهُ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيْمُ .وَقُلْ رَبِّ اْغفِرْ وَارْحَمْ

وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّحِمِيْنَ